Saya orang Jawa. Saat bertutur melalui lisan maupun tulisan, yang biasa saya gunakan adalah bahasa yang dipahami kebanyakan orang—dalam hal ini bahasa Indonesia. Bahasa Jawa saya gunakan ketika berkumpul dengan kalangan yang berbahasa ibu sama.
Namun demikian, kadang ada rasa rindu menggunakan bahasa ibu, termasuk di depan publik. Saya penasaran, apakah teman-teman Facebook saya merasakan hal yang sama.
Karena itu, Agustus 2014 yang lalu, saya iseng mengadakan kuis berbagi bahasa ibu, dengan tema “ketika anak sakit”.
Reaksi teman-teman saya beraneka. Ada yang merasa kagok karena lama tidak menulis dengan bahasa ibu, ada yang senang karena nemu tempat merindu, ada pula yang excited karena kuis ini dianggap unik bahkan ajaib. Padahal, yang dikuiskan adalah sesuatu yang sangat dekat dengan diri kita.
Di akhir kuis, saat membaca tulisan demi tulisan sambil tersenyum, saya bahagia. Berderet kosakata yang sama sekali belum pernah saya baca. Inilah kekayaan Indonesia, warisan masa silam yang wajib kita jaga.
Setelah mengundi dua pemenang dan mengirimkan hadiah buku “Parenting with Heart”, saya penuhi janji untuk menayangkan semua komentar peserta di blog, tanpa suntingan.
Teman-teman, terima kasih setulusnya.
Inilah bahasa ibu kita, penanda kedirian kita.
1. Mahbubah Kudhelor
Pas wulan Romadlon tahun wingi aku kuaget. Enak-enak buko bareng ayah mbek arek-arek lha kok onok wong tok-tok lawang. Pas dibukakno lawang tibake ustade anak lanang seng mondok. Ngabari nek anankku saiki loro ndok puskesmas. Waduh…jelas aku gupuh kabeh. Bukoku cepet-cepet tak ringkesi, aku mbek bojoku langsung ngibrit budhal nang puskesmas.
Waktu tutuk puskesmas tibakno anakku duduk loro biasa tapi mendelik gak iso kedip. Pas tak takokno, ustade yo gak sepiro ngerti polae ket mau jare gak opo-opo. Ustad yo bingung pisan polae gak eroh opo penyebape. Akhire ustad mbek ayah tak kon metu ruangan. Ndhek ruangan iku aku mbek anakku dewean, terus tak takoni anakku mbek aku nuangis. Alon-alon areke ngaku nek nang asrama anakku iku mari dirusuhi koncone. Akhire tak elus-elus sirahe, tibake arek iki duduk loro awake tapi loro sukmane. Terus geleme ngomong mek karo aku thok. Gak mbek ustad utowo karo ayah….
2. Ike Nereng
Waktu anak akui perah uha kahe ewah kat je dokter. Bihint tenyuntik. ..nangi aman temaksa. Unuk perang spate. .maka akuy kahe toga durung oge tiap nau karna musti bekamuh. Akirke akuy bujuk pajik-pajik ..”Di ..aman koy ewah sembuh gagag koy mesti muru uat dan tiro, kahe ulih main dang usik koy “. Akhir bekesah uha mikir aman kahe main rugi, karna akui meli usik isay ngga uha. Jongka uha berengkat kat je dokter. (Bahasa daerah Dayak Tunjung)
3. Kencana Dewi
Kapungkur waktos pun anak nu kahiji nembe yuswa 4 taun, sim kuring wangsul ka Tasikmalaya. Sigana pun anak teu kiat perjalanan tebih ti Balikpapan ka Tasikmalaya, margi waktos dugi di rorompok teh kalah panas nyebret bari utah uger. Aki sareng Nini na meni reuwaseun, ku sim kuring dikerok nganggo minyak telon sareng bawang beureum bari dikompres wae ku cai haneut. Abah uyut na ngiring riweuh, mung lucu na pun anak dipasihan artos. Cenah mah upami tos jagjag deui kanggo jajan sareng meser kangkalung emas Alhamdulillah, pun anak teu lami hareengna mung tilu dinten tos jagjag deui tiasa amengan ka dayeuh meser kangkalung tea.
4. Candra Nila Murti Dewojati
Dereng dangu lare jaler kula katon nglentruk. Badanipun katon ngreges lan watukipun mboten leren-leren. kula lan semah kula katon khawatir, amargi piyambakipun gadhah sakit asma. Napa ingkang dados penggalih kula lan semah dados nyoto, lare jaler kula kedah ditambani ngangge alat semprot, alhamdulillah dados longgar malih lan sakmeniko sampun saras lan wangsul malih wonten pesantren..
5. Ingelin Narsita
Rong taun kepungkur, anakku bengi jam 8 mutah-mutah. Tak cek, ora panas. Isih penasaran, tak cek meneh nganggo termometer. Suhu awakke normal. Pilek yo ora. Wektu kui anakku isih umur 2 taun.
Sakwise mutah, anakku iso dolanan meneh koyo biasane, koyo-koyo ora loro opo-opo.
Let sedelok, aku mbukak kulkas arep jupuk ngombe. Anakku mutah-mutah meneh. Aku kuatir banget bu, opo meneh duwe anak yo nembe pisan.
Tapi awakke isih biasa wae, ora panas, ora pilek ora watuk. Aku dadi tambah kuatir.
Tapi ora suwe, anakku wes dolanan meneh koyo biasane.
Setengah jam bar kui, bapakke mbukak kulkas arep dhahar duren. Anakku langsung mutah-mutah meneh.
Jebul anakku alergi ambune duren, dadi saben mambu duren langsung mutah-mutah.
Oalah, tiwas aku keweden karepe dewe, ngasi bengi-bengi telpon mertuo.
Dadi sak iki nek ono duren mesti anakku tak singkirke soko ambune ben ora mutah.
6. Sayidah Rohmah
Kula lan semah mboten nate maringi obat anak kula manawi namung summer, watuk, lan pilek supados imunitasipun saget sae. Wekdal lebaran kala wingi, Naja (1th) pilek amargi ketularan kula. Niki sampun pilek ingkang kaping tiga, sakderenge nate flu wekdal umur nem sasi, lan sedasa sasi. Biasane kula terapi uap piambak supados mboten mampet irunge. Ugi maem buah-buahan ingkang kathah vitamin C. Kinten-kinten gangsal dinten sampun sehat. Namung pilek ingkang ketiga niki alhamdulillah namung sedinten sampun mantun. Kula ingkang nulari malah taksih mbeler…
7. Mum Mukholi
Pura ibrohim, ana’ ke tellukku wettu umuru’na pitumpuleng, nakenna semmeng. Matteru uwalang parastamol, nano’ pellana. De’gaga siaga menne’, nano tona pella na. De’ na maetta pura no’ na pella na, tappa menre’ si paimeng pella na.
Pura pada yako maelo’i kejjang kejjang. Sibawa paddoangeng pappaja. Usappurukeng wae pela sampu ri tujunna sere’na. Pura yaro, u bukkakeng wajunna si bawa u tempele’i ri olina aro ku. Nulle wedding ipau sebagai pattransfer pella. Purana yaro u pinunge ccani’ anana’ sicampuru wae pella sampu lao riyalena,
alhamdulillah,, pellana no taccedde’ gangka pappa bajanna..
8. Diah Kusumastuti
Wektu kae anakku umur rong taun. Aku isih nyambut gawe pas simbok telpon. Aku dikon ndang mulih, soale anakku loro. Yo koyo biasane, simbok mesti kuwatir yen anakku loro, trus mbingungi. Lagi tekan pager simbok wes bengok-bengok,
“Yah, kae piye anakmu…. Opo muntaber, yo? Mutah-mutah wae ki, ning ngisinge kok ra mencret?”
“Wes, Mbok, tenang dhisik. Tak gowone nyang pak dokter.”
Aku sedih, tibake lorone anakku rodo tenanan. Mulih soko dokter, aku langsung ringkes-ringkes. Klambine anakkku, klambiku, sabun, sikat, odol, pokoke barang-barang nggo nginep sedino-rong dino.
“Piye, Yah? Arep nyang ndi?”
“Faiq dehidrasi, Mbok. Kudu ndang digowo nyang rumah sakit. Diopname.”
“Owalah… Opo mau jenenge? De-hi-dra-si?”
“He-eh”
9. Suci Wulandari
Sak onok e dokter nok kecamatan tau tak parani mergo pas kuwi Fiqi (8 ulan) mripate abang sak isih, njur wes pirang-pirang ndino. Salep sirup kabeh wes njajal tak ombekno tapi abange gak mendo. Ilang sedino sisok e balik neh.
Pisanan ndue anak je, dadine nek ono opo-opo mbanyak i.
Kabeh wong tak kandani. Krungu putune loro, mbah e teko nilik i.
“Ora usah digowo nok dokter. Kono celukno Pakdhe Kastari, engko disuwuk,” jare emakku.
Asline rodok ragu, bareng wes tak celuk, aku dikon nyiapno banyu sak gelas karo uyah sak sendok.
Banyu disebul-sebul, uyah e di pyurno saitik ambek lambene komat kamit. Trus tangane dicelupno saitik gae ngusapi mripate Fiqi. Bismillahirahmanirrahim…
Sisok e kok wes gak abang meneh. Aku telpon emak, tak kandani nek wes mari mripat e.
“Mulane to ngandel omongane wong tuwo, anakem kuwi ora loro, tapi sawanen. Wes sesok nek ono ngene neh ndang gage disuwukno,” emak munine.
10. Muyassaroh
Guleh andik anak omor telo tahon setenga. Nyamannah Alby. Molai bayi, tak toman obet-obet cem macem. Sampe Alby apal, mon betok cokop benyak ngenom aeng pote. Tak usa ngenom obet betok. Mon panas, baru ngenom obet panas. Alby molai omor du tahon step. Deddi ebungkoh esedia obet panas ambik obet step. Biasannah mon sakek biasa kadeng betok pilek, panassah tak sampe lebi derih 72 jem. Mon panassah Alby lebi derih kayyeh, koduh ekebeh ke dokter mon tadek de tandeh betok pilek. Takok penyakettah sarah kadeng pas Alby kenneng DBD. Ngangguy obet koduh “Rasioanal” tak olle den beden. Obet aman mon eyangguy bender.
11. Rina Susanti
Sataun kalangkung azka (5y) kena panyawat tifus jeung kedah di rawat di rumah sakit, asa nalangsa da abdi teu tiasa nagntosan di rumah sakit, kumargi keudah damel, rayina nempe umur sataun, nuju butuh perhatosan oge, janten nambah nalangsa. keudah ngabagi waktu ka kantor, di bumi sareng ka rumah sakit.
12. Sri Mulyani
Nak anakku saket, aku gak iso turu tenanglah. Dilit-dilit tangi, nyekel ndase, men pun anak-anak wes gedi.
13. Tati Nurhayati
Ieu pangalaman waktos si Cikal teu damang, kapungkur nuju yuswa sataun satengah.Panyawatna muntaber,janten kedah dirawat dirumahsakit.Harita abdi sakulawargi nembe ngalih pisan ka bandung,ngumbara nuturkeun caroge.Atuh salami punanak dirawat teh teu aya pisan nungagentenan.3 dinten 3 wengi teu tiasa istirahat pisan, pas wengi kaopat, kinten2 tabuh 4 janari, abdi kapulesan saking kucape.Hawar-hawar kakuping sora si cikal nangis,korejat abdi teh gugah, bari culang cileung, reuwas, si cikal teu aya dina kasur, singhoreng teh tos nonggeng dikolong ranjang, selang infusna copot, enggal ku abdi dipangku, diparios, bilih kumaha onam.
14. Ika Puspitasari
Wulan poso kepungkur, anakku sing nomer telu lara. Ora ngiro nek arep lara nganti tekan UGD barang. Awite, mripate anakku mbendul koyo dicokot semut, eee..lha kok suwe-suwe abuh lan mrembet dadi kebak sak mripat. Tak priksakke ning klinik 24 jam, ora saguh banjur dirujuk nyang Rumah Sakit sing luwih gedhe. Tekan Rumah Sakit, anakku langsung digowo ning UGD. Jebul anakku keno herpes tapi ning mripat. Waduh, wis entek atiku naliko weruh keadaane anakku. Bocah lagi lucu-lucune, lagi seneng-senenge dolanan kok keno molo. Sing marai tambah nggregel ning atiku, bocah cilik lara koyo ngono kok ora tahu nangis. Ora ngrepoti ayah bundane. Alhamdulillah, sak wis e berobat, anakku sehat maneh.
15. Ika Fibrianti
Wekdal kepungkur, putro kula kang nami Alka sakit paningalanipun. Mekaten cariyosipun, sonten-sonten kulo nembe mawon wangsul saking kantor, dugi griyo sampun wonten mas Alka ingkang ditenggani ramanipun, kalih2ipun saweg tilem. Pas kulo uluk “Assalamualaikum” mas Alka kaliyan ramanipun wungu. Ananging, pas kulo mirsani mas Alka, lha kok wonten rereget ing mripatipun (alias lodhok). Lha kulo kaget, saklajengipun kulo ngendikan kaliyan ramanipun, malah ramanipun ngendika, “mboten nopo-nopo, mas Alkane nggih mboten rewel, kok.”. Nanging kulo taksih penasaran, manah kulo ngendika menawi mas Alka kenging beleken. Dalunipun mripatipun dados abang, lodokipun nggih soyo kathah. Kulo langsung “curhat” kaliyan bu bidan ingkang griyanipun sisih kulo pas. Bu bidan maringi salep mata khusus bayi kangge ngobati mripatipun mas Alka. Alhamdulillah, enjinge mripatipun mas Alka sampun mantun. Mas Alka saget gegojegan malih kados biasanipun. Bibar niku, lha kok kulo kalih giliran ramanipun ingkang beleken, duh giliran..hehehe
16. Wida Waridah
Nembé pisan kajantenan kamari. Iqbal, yuswa 4 taun, harééng. Teu hariwang kawitna mah, da biasana, pami harééng kitu, kantun dibalur ku parud bonténg sareng bawang bodas. Langsung rerep biasana mah. Mung minggu kamari mah, rada reuwas. Tilu dinten harééngna teu lungsur wae. Malihan mah beuki nyebrét. Dinten katilu mah dipasihan parasetamol wéh. Tapi keukeuh, teu lungsur kénéh wae panasna téh. Atuh, dintén enjingna langsung dicandak ka dokter. Mung nyakitu téa, Iqbal rada sesah nuang landong. Tos diolo kukumaha ogé sesah pisan. Ampir-ampiran aral saleresna mah. Mung, alhamdulillah, émut kénéh kana diri. Iqbal laju diolo, diusap, ditangkeup, dicariosan, dipasihan dongéng, naon khasiatna obat kanggo nu teu damang. Alhamdulillah, ahirna mah kersa nuang landong. Ayeuna panasna tos rerep, kantun batukna.
17. Ardiana Arifuddin
Pangalamakku wettunna malasa anakku dua massamang. Yero makkunrai “Nailul Izzah” pellana alena 39.5 derajat celsius. Naerotosi buranewe :Nafis Jawwad pellana alena 38,9. De sedding wissengngi aga upegau moloi anana 2 calaleku topi. na yero pangukkuru pella e wakkatenni tuttu, napa meloka missengngi perubahanna ro. Wakketoreng ko matterrui sulla’ mata’na. Yero wettu e ambo’na engka jadwalna ceramah ki radio e. Terrimbammana’ kasi’ moloi ana’ku. tapi engka pabbaru napodang ro sappusekku. yekko mapellai gare alena anana, li jemmurengngi cempa sibawa lasuna cella li taroi cedde wai nappa lisapuang sare’na. Yekko marakko sapuassi. Yero lau pegau lettu engka ambo’na pole. Maseleng toni ambo’na engkana pole. Natappa natelpongini sibawanna ro dottoro’e ri buol, makkutana pabbura aga wedding nainung anana’e ko mapella alena. de nametta engkani smsna ro dottoro’e nakiringngenni asenna ro pabburae, nappa jokka ni kasi’ sitta ambo’na lao melli yero pabbura ero. Upinengngenni kasi’, Alhamdulillah sisenna wennini ro nonnoni pellana. Nappaka’ sedding makessing pappeneddikku. Sorona lau matinro, Tapi de lau pabelai yero pangukkuru pella ri seddeku, sibawa pabboso ceppana ro. Syukkuraka kasi’ de tona naendre pellana lettu ele. Tabe makkoniro caritaku. Tennapodo iya’ kennai yero bo’na ro.
18. Nurul Habeeba
Ancur atiku naliko sikile Azzam (3 thn) keno beling pecahan piring. getih mili terus mboten saget mampet. ora ana montor gae neng puskesmas. isone mung bengak bengok nangis bebarengan. aku banjur mlayu neng tonggo nyuwn pitulungan. Alhamdulillah, ana bapak2 liwat nggowo montor blanjur diterne teng puskesmas. aq njerit banter naliko nyekseni sikile Azzam di jahit, Astagfirullah…kabeh salahku, ibuk tledor Nak ndeleh piring beling sembarangan, “Sepurane yoo Le….”! Azzam biasa ae, mung ngrasakne larane, Azzam isih mesam mesem lan sayang maran ibune
19. Erfa Fitriana
Waktu ndok anak mi yang kecik Fayha kene demem. Ndah mbe halnye, kekau agaknye. Mi ukolah panasnye…ndek sangke sampai pulak 40 derajat lebeh, alamaakk…ndek ade kesah agek, mi bawak ke UGD. Eh sampai kat sitok kene pulak perikse darah, sian mi tengoknye bepekik nahan saket. Tak sampai hati..abes tu betunggulah mi berape jam kat ugd. Sikok dokter jage cakap hasil lab ndek ape-ape, alhamdulillah ndek ade gejale dbd. Panas dah turon siket, ndek sah dirawat lah ise balek umah jek asal ndek lupe minom ubat same aek putih yang banyak…
20. Ziya Maisa
Dadi kelingan gemien pas Alif sumeng pas ramane agi nang Semarang 3 dina. Alif umur 9 wulanan, enyong agi meteng nem wulan *kesundulen*. Ket awan ngrengek baen, ora kena disambi. Karo sapa-sapa ra gelem. Wengine karepe gendongan baen ra gelem mudun, gelem bubu tapi nek diglethakna ndadakan tangi. Disogna geongan ra gelem. Tambah wengi tambah rewel, nyonge wis ngantuk banget. Awak pegel, pundak sengkleh ra patia tek rasa. Sing paling tek rasa Alif nangis bae, menenge nek digendong. Padahal nek go nggendong wetenge lara. Melas aring bayi sing nang njero weteng, sedina keemped-emped kakange, nggo bantalan. Jel nek ana sing bisa go gentenan, kayane wetenge ra lara-lara bangetin. Tek tinggal paling nek lagi sholat, be guli nangis gawe sholate ra tenang. Pas gue rasane meh mutung temenan apamaning njaluk digendonge kudu nang mbale, mlebu kamar langsung reang. Untung adikku menggenku, kena go batir. Esuke nembe berobat dokter terus pijet. Ramane bali mari Alhamdulilah.
21. Nurhamida Dalimunte
Caritokku waktu anakku nomor tolu goarna si farhan marun diwaktu umur tolu taon, jadi kira2 opat taun nalewat. Parjolo marun milas sampe lima ari, madung mangan ubat san dokter nda adong kurangna rupana dipareso labor hasilna hona demamberdarah sampe trombositna 22 ribu, didokkon akon dirawat d rumahsakit dapot infus dohot transfusi trombosit bahatna 11 kantong. Manetek baya ilukku mangaligin tangan nameneki ditusuk jarum pareso labor 4 x sadari. Alhamdulillah dirawat 8 hari nda dong milas dohot trombositna normal mulak baru tola mulak tu bagas.
22. Reny Rachmawati
Anak kulo ingkang nomer kalih winginane bakdo sakit. biasa lare alit menawi sakit mesti rewel. ramanipun mesti nderek bingung. kulo piyambak ingkang sampun biasa panggih kaleh tiyang sakit nyobi tenang. lare niku kulo minumi obat. biasane menawi sampun ngunjuk obat panasipun mandap. ananging sak niki,sampun kulo paringi ngunjuk obat, tapi benteripun dereng mandap. Ditambah maleh larenipun mboten purun madang. saben madang nopo mawon mesti muntah. Menawi sampun kedadosan ngaten kulo kuatos menawi lare niki kirang cairan, akhiripun kulo tanglet kalih konco ingkang sampun biasa nangani lare alit menawi sakit panas kalih benter ditambah malih muntah. obat menopo ingkang leres kangge sakit kados ngoten wau. senaoso kulo sampun nganggit obat ingkang sami, nanging kulo taksih dereng pas ing manah. sak sampune dipun bejani konco, kulo lajeng tindak dateng apotik, tumbas obat ingkang di pun maksud kolo wau. alhamdulillah, sak sampunipun ngunjuk obat ingkang kulo tumbasne dateng apotik, larenipun saras, boten panas, lan boten muntah maleh.